Random posts

3/randomposts

Tuesday 27 December 2016

VOC HIP HOP YK ft PrieshaKitty - Ora Guno


 VOC HIP HOP YK ft PrieshaKitty - Ora Guno


Hasil gambar untuk VOC HIP HOP YK ft PrieshaKitty - Ora Guno




Tresnamu amung cidro
Kabeh kui bakale tak tompo
Yen pancen iki dalane kudu mlaku dewe-dewe
Cen tresnaku nggo sliramu sak lawase

Aku ... uwes lilo senajan atiku iki cidro
Kowe lungo ninggal loro
Lorone keronto-ronto
Tresnaku marang awakmu ora guno

Pangapurane cah ayu senajan atiku loro
Tresnaku marang sliramu pupus ananing cidro
Loro keronto-ronto kowe lungo neng paran kono
Aku iso opo isoku mung nglalekno

Ilingo kowe mbiyen tak tresnani setengah mati
Korban opo wae uwes mesti tak lakoni
Tapi kuwi kabeh tok bales gawe larane ati
Aku ra sudi

Wes tak leremke pikerku
Wes tak jembarke atiku
Ikhlas lair batin sliramu ninggalke aku
Yo mung ngelus dodo kabeh mau kui tak trimo
Najan ati iki loro lambeku muni rapopo

Yen kelingan esemmu mbrebes mili iluhku
Mbayangke kabeh janjimu
Sek jare kepati namung kanggo awakku
Nanging endinge cidro kowe gandeng wong liyo
Sabar atiku nompo ikhlas ati kowe lungo

Pangapurane mas
Ikhlasno aku, lilakno aku
Kenangan lan wektu marang sliramu ...
Tulung lalekno aku gawe loro ning atimu

Wes tak ikhlaske golek liyane
Amergo cidro tok tinggal lungo
Aku ra popo sabar tak tompo
Wong iki dalane Gusti Allah sing nggariske

Kudu pisah ro awakmu ora tak pikir jeru
Snajan loro najan cidro kudu ikhlas legowo
Yo mung siji pandongaku langgeng lan mulyo
Cukup aku lan atiku sek wes mbok gawe loro

Padhange sang suryo
Dadi ireng peteng neng ndonyo
Ati loro roso iki langset kelingan jaman semono
Aku nyobo sabar, ati nyobo tegar
Nanging kok akhire malah dadine ambyar bubar

Nangis batin iki wes ra ono gunane
Kabeh prasetyo nganti ra ono regane
Yen wes dadi dalane aku yo mung isi nompo
Tak ikhlaske kabeh mergo iki kersane sing Kuoso

Yen kowe reti jeroning atiku ngrasakke perih
Mergo tresno iki anane tulus tanpo pamrih
Mung jenengmu sing tak delehke ono jeroning dodo
Tegane sliramu ngijoli sumpah setyoku nanggo cidro

Yen kudu udan deres sing mbusak roso iki
Yen kudu sorote srengenge le iso madhangi
Petenge atimu rikolo isih nggenggem tresnoku
Aku wes kudu iso nglilakke sliramu

Ati kroso kelaran mergo tok tinggal paran
Yo uwes piye meneh aku mik iso pasrah
Sanadjan awak lungkrah atiku loro parah
Aku nyobo iklhas tresnomu wes ilang bablas

Udan tangis iki sing bakal dadi seksi
Tak cobo iso ngerti sanadjan nggerus neng ati
Dongaku marang Gusti mugo kowe iso bali
Tetep tak ngapuroni balimu sek tak enteni

Rungokno lagu iki yo mung kanggo sliramu
Rungokno saben wektu yen kangen marang aku
Kembang mawar sing wes malih dadi layu
Tansah koyo loro iki neng jero dodoku

Wes ... lilo aku nompo loro iki
Wes tak jarno kowe lungo seko ati iki
Kangmas ... pangapurane kanggo awakku
Senajan aku wes nangguh cidro neng njero atimu

Pangapurane mas ...
Ikhlasno aku, lilakno aku ...
Kenangan lan wektu marang sliramu ...
Tulung lalekno aku gawe loroning atimu

0 komentar:

Post a Comment