Random posts

3/randomposts

Friday 9 June 2017

Bayu G2B ft Vita Alvia – Adoh Paranmu


Bayu G2B ft Vita Alvia – Adoh Paranmu
Cipt : Bayu G2B






Sepiro gedene tresnomu kanggo aku
Pas awake dewe wis jarang ketemu
Mergo adoh paranmu, gawe kangen ning atiku
Mugo sliramu biso njogo atimu

Amung ono kowe wong wanita/lanang ning njero atiku
Mergo ati iki wis tak tutup nggo liyane
Yo mung siji panyuwunku soko kowe
Ngancani aku nganti tekan matiku

Rapp :
Nyawang kerlip lintang ngelingake kowe cah ayu
Mergo adoh paran gawe kangen ning atiku
Tak tuliske tembang tresno mung kanggo sliramu
Ben kowe ngrasakke sepiro gede tresnoku

Manis esemmu, ayumu dadi inspirasiku
Wes tak ukir indah nggo dadi semangatku
Tak tunggu balimu ben iso nyanding sliramu
Siap lahir batin aku dadi imammu

Nyanyi wanita :
Tresno suci iki amung dinggo kowe
Ra ono liyane sing iso nggantike
Adoh seko kowe gawe ra tenang atine
Mangan ngombe nganti ra ono rasane

Rapp 2 :
Pendak arep turu mung biso nyawang fotomu
Krungu sworomu wis cukup nentremke atiku
Yen pacen kahanan kowe adoh seko paran
Bakal tak lakoni snadyan akehe pacoban

Duh kowe cah ayu rungokno laguku
Dinggo tombo roso kangen sak jroning atimu
Penting dinggo dwe kudu duwe roso sabar
Ben tresnomu lan tresnoku ora bakal bubar

Nyanyi Wanita :
Sayang ndang cepet bali
Sayang aku ngenteni
Sayang mugo kowe tansah setyo
Ojo nganti keno gudo wadon liyo

Gusti wes paring jodoh sing sempurna
Sing bakal tak jogo selamanya
Mugo kowe lan aku nganti tekan bebrayan
Urip sesandingan dan takkan terpisahkan

Rapp 3 :
Iso krungu kabar yo mung lewat BBM-n
Kadang telat mbales nggawe dewe salah paham
Nanging kabeh kuwi ojo dinggo alesan
Mergo dewe duk cah cilik sing seneng nesunan

Kabeh masalah mesti ono solusine
Kudu podo ngerteni ben padang dalane
Percoyo awakku tresnoku yo mung kowe
Sing tak perjuangke nganti tekan selawase

Nyanyi Wanita :
Sayang ndang cepet bali
Sayang aku ngenteni
Sayang mugo kowe tansah setyo
Ojo nganti keno gudo wadon liyo

Nyanyi Wanita :
Sayang ndang cepet bali
Sayang aku ngenteni
Sayang mugo kowe tansah setyo
Ojo nganti keno gudo wadon liyo

0 komentar:

Post a Comment