Random posts

3/randomposts

Saturday 17 June 2017

Soul2Five - Mundur Teratur




Soul2Five - Mundur Teratur
Cipt : Andi Mbendol




Wes cukup semene wae
Aku mundur rasah diteruske
Mending aku fokus nggolek liyane
Aku ra takon rausah dijelaske

Awan sore dadi seksine
Naliko gandengan tangan mbendinane
Nanging anggepmu ra sepiro
Ra mung pisan pindo atiku keloro

Seneng’e mung sepisan
Susahe suwe tenan
Tiwas yakin bebrayan
Malah medotke sesandingan

Aku ra nyongko kowe mblenjani
Seprono seprene tak wanti-wanti
Kasunyatane dirimu pergi
Jujurlah sayang rausah di tutupi

Awan sore dadi seksine
Naliko gandengan tangan mbendinane
Nanging anggepmu ra sepiro
Ra mung pisan pindo atiku keloro

Kaline kali winongo
Banyune banyu segoro
Koe sing gawe asmoro
Lha kok aku sing loro ?

Sawone sawone mentah
Le ngampet selah ra betah
Mbangane tambah masalah
Mending cukup, cukup sudah ...

Seneng’e mung sepisan
Susahe suwe tenan
Tiwas yakin bebrayan
Malah medotke sesandingan

Aku ra nyongko kowe mblenjani
Seprono seprene tak wanti-wanti
Kasunyatane dirimu pergi
Jujurlah sayang rausah di tutupi

Aku ra nyongko kowe mbelnjani
Seprono seprene tak wanti-wanti
Kasunyatane dirimu pergi
Jujurlah sayang rausah di tutupi

0 komentar:

Post a Comment